Tugas Bahasa Jawa: Deskripsi Batik
DESKRIPSI BATIK PANGERTOSAN BATIK Batikyaiku bebed sing dilukis nggunakakke canting lan cairan malam utawa lilin dadine bentuk lukisan-lukisan sing duwe aji seni dhuwur. Batik asale saka tembung ‘amba’ sing duweni arti nulis lan ‘tik’ sing duweni arti titik. Ing zaman dhisik, batik karan uga ‘ambatik’. Ambatik utawa batik uga bisa diartekne dadi seni gawe titik utawa mbebek amarga batik deleng teknik mrada titik sing sarwa rumit. Ana kekliru tampan ing masyarakat babagan batik. Padahal digeret saka makna tembung batik ing KBBI sing jarwa ‘kain sing berlukiskan motif, yang dilukiskan ngango cara menahan warna dengan lilin malam’ (utawi : ‘bebed sing ana motif e, sing dilukiske nganggo cara nguwawa rupo nganggo malam utawa lilin’). Dadine yen motif ing bebed iku ora bentuk kultural (kayata: motif parangrusak, motif sidomulya, lan sak panunggalane) kepatia-patia, ning luwih modern (kotak-kotak, polkadot, garis-garis, lan liya-liya), mula bebed iku tetep diarani batik. Bathik ...